URIP LAN MATI
(Dening : Aditya Bambang Tri Anggoro)
Kelas XI TKJ 3
Aku bisa nonton langit
Iku yen awakku urip
Lan aku bisa nonton saking langit
Iku yen awakku mati Mati
lan urip Iku ora adoh beda
Urip mung kanggo sawetara
Mati kanggo saklawase
Cinta kadang kala mati
Ning kadang kala cinta iku urip
Mati merga ketutupan mega mendhung
Urip mega di cori rasa cinta lan rasa tresna
Pangeran diponegoro
(Dening : Aditya Bambang Tri Anggoro)
Ngagem sorban ingkang pethak
Nitih turangga kanthi ngagem keris
Kangge nglawan para penjajah
Pajenengan mboten nate gigrig
Jiwa lan ragamu dadi korban
Kangge nuswantara
Diponegoro . . . . .
Asmamu kaseret ing jeneng-jeneng dalan
Paragamu kang wibawa Tumemplek ana ing arta
Tags: Geguritan