Pati
Dening : adam setiawan
XI TSM 2
Pati…
Ora ana kang bisa ngelak saka pati
Ora ana kang bisa reti
Kapan tekane pati
Anangin yan wus teka mung agawe tangis
Yen wus nemoni pati
Di klambeni ,klambi mori
Di tumpake kereta
Keretane roda manungsa
Di gawa ing kubur
Ora gowo kloso,bantal,lan kemul
Ora gowo bondo donyo
Anangin mung gowo amal suwargo
Ayo prakanca ojo mung miker bondo donya
Ojo gor padha golek dosa
Nanging mikiro amal suwargo
Tags: Geguritan